PRIMBON JAWA
NEPTUNING DINA NEPTUNING PASARAN
Ahad = 5 Legi = 5
Senen = 4 Pahing = 9
Selasa = 3 P o n = 7
Rabu = 7 Wage = 4
Kemis = 8 Kliwon = 8
Jum'at = 6
Sabtu = 9
DINA KALAHIRAN SARTA
PANGURIPANE
Minangka pinuju kalairanipun
kapendhet saking
gunggungipun neptu dinten lan
pasaran, lajeng dipun wuwuhi
kalawan neptunipun sasi:
Muharram
neptunipun
setunggal
Rajab
neptunipun tiga
Shafar
neptunipun tiga
Sya'ban
neptunipun
gangsal
Rabi'ulawal
neptunipun
sekawan
Ramadhan
neptunipun enem
Rabi'ulakhir
neptunipun enem
Syawal
neptunipun
setunggal
Jumadi'lawal
neptunipun pitu
Zulkaidah
neptunipun kalih
Jumadi'lakhir
neptunipun kalih
Zulhijjah
neptunipun
sekawan
Kapendhet saking neptunipun
sasi kalairan, Sakmenika
gunggungipun wau menawi
langkung saking 10, lajeng ditilar
9, pinten sisanipun. Menawi sisa :
2 utawi 6, menika wiji Lor, kang
dados panguripanipun dagang,
sanadyan kalih liya-liyanipun
sampun benten kaliyan dagang.
3 utawi 5, menika wiji kilen,
panguripanipun laku Santri,
sanadyan kalih liya-liyanipun,
sampun benten kaliyan saking
laku Santri.
1 utawi 4, menika wiji Wetan,
panguripanipun lakui priyayi,
sanadyan kalih liya-liyanipun,
sampun benten kaliyan saking
laku Priyayi.
7 utawi 8, menika wiji Kidul,
panguripanipun among tani,
sanadyan kalih liya-liyanipun,
sampun benten kaliyan among
tani.
9, menika dipun wastani : tanpa
tenggak tanpa siran, inggih
menika wiji Raja, watakipun
boten kenging dipun perintah,
malah mrentah.
PETUNG PANCA SUDA
WATAKING MANUNGSA SAKA DINA
KALAIRANE
Dina Ahad
Legi, Sumur Sinaba
Paing, Wasesa Sagara
Pon, Bumi Kapethak
Wage, Satria Wibawa
Kliwon, Lebu Katiyub Angin
Dina Kemis
Legi, Satria Wibawa
Paing, Lebu Katiyup Angin
Pon, Satria Wibawa
Wage, Tunggak Semi
Kliwon, Bumi Kapethak
Dina Senen
Legi, Tunggak Semi
Paing, Wasesa Sagara
Pon, Sumur Sinaba
Wage , Wasesa Sagara
Kliwon, Satria Wirang
Dina Jum'at
Legi, Satria Wirang
Paing, Tunggak Semi
Pon, Lebu katiyup Anging
Wage, Sumur Sinaba
Kliwon, Wasesa Sagara
Dina Selasa
Legi, Wasesa Segara
Paing, Satria Wirang
Pon, Satria Wibawa
Wage, Lebu Katiyub Angin
Kliwon, Sumur Sinaba
Dina Sabtu
Legi, Bumi Kapethak
Paing, Satria Wibawa
Pon, Wasesa Sagara
Wage, Satria Wirang
Kliwon, Tunggak Semi
Dina Rebo
Legi, Sumur Sinaba
Paing, Wasesa Segara
Pon, Bumi Kapethak
Wage, Satria Wibawa
Kliwon, Lebu Katiyub Angin
*Nyuwun gunging pangaksami
bilih wonten ngandhap punika
mawi Basa Jawi ngoko.
PETUNG PANCASUDA
Kangge nikahake temanten.
Ing ngisor iki petungan ala
beciking dina kang prayoga
kapilih utawa sinirik lamun arep
nikahake panganten, miliha dina
kang becik kanggo nikahan.
Anjupuka neptuning dina lan
neptuning pasaran ginunggung,
ananging neptu-neptu mau kudu
awewaton neptu-neptu kang
kang tumrap petungan
Pancasuda-Ringkes, yakuwi:
NEPTUNING DINA NEPTUNING PASARAN
Ahad
neptune 3
Legi
neptune 2
Senen
neptune 4
Pahing
neptune 3
Selasa
neptune 5
P o n
neptune 4
Rabu
neptune 6
Wage
neptune 5
Kemis
neptune 7
Kliwon
neptune 1
Jumat
neptune 1
Sabtu
neptune 2
Lamun gunggungan saka
neptuning dina lan neptuning
pasaran mau tinemu wilangan :
7, iku tiba petungan : Nuju
Padu, watake panganten utawa
wong tuwane tansah tukar padu
nganti salawase .
2 utawa 8, iku petungan :
Demang Kandhuruhan, watake
panganten utawa wong tuwane
sok nemu lara.
3 utawa 9, iku petungan :
Sanggar Waringin, watake
panganten utawa wong tuwane
sok nemu bungah lan seneng.
4 utawa 10, iku petungan :
Mantri Sinaroja, watake
panganten utawa wong tuwane
sok nemu karaharjan lan
kasenengan.
5 utawa 11, iku petungan :
Menjangan Ketawan, watake
panganten utawa wong tuwane
sok kelangan utawa wong akeh
sok ana kang duwe niat ala
marang dheweke.
6 utawa 12, iku petungan :
Nuju Pati, watake panganten ora
suwe, bakal pegat mati utawa
pegat urip, tur akeh kasusahan
kang tinemu.
SEJARAH DINTEN PEKENAN
WULAN TAUN PAWUKON SA'AT
TUWIN WINDU
Kanjeng Nabi Idris saweg
jumeneng Nata wonten ing
nagari Malebari, punika karsa
angleluri, anulad amastani
dinten. Semanten etanging taun
surya 1020 taun awit saking
Kanjeng Nabi Adam. Ing
ngandhap punika pratelanipun
dintenSamsu, Kammar, Marih,
'Atarit, Mustari, Johar lan Jokal
Punika panganggitipun dinten
ingkang kaping sepisan.
Nomer kekalih Kanjeng Nabi
Idris, saweg jumeneng Nata
wonten nagari ing Babel, lajeng
Kanjeng Sultan Harmasulhakim,
karsa anganggit amastani
adamel dinten malih, anuju ing
taun surya 1028. Ing ngandhap
punika pratelanipun dinten Awal,
Ahwal, Dibar, Jibari, Munisa,
'Arobah lan
Entri Populer
-
Arane Dino, Pasaran, Wuku, Sasi, Tahun, Windu, Wilangan, Wayah & Kiblat Arane Dina: Ahad (Minggu) = Ditya Senen = Soma Selasa = A...
-
TEMBUNG KANG ATEGES ARANING PANGGONAN 01. Kanthong wadhah dhuwit 02. Endhong wadhah panah 03. Pranji wadhah pithik 04. Kombong panggona...
-
PRIMBON JAWA NEPTUNING DINA NEPTUNING PASARAN Ahad = 5 Legi = 5 Senen = 4 Pahing = 9 Selasa = 3 P o n = 7 Rabu ...
-
Silakan manfaatkan fitur pencarian diatas... tulis apa yg anda cari lalu klik "cari" www.aplikasi-hape.co.cc www.aplikasi-hape...
-
ARANING KEMBANG 01. Kembang aren arane dangu 02. Kembang asem arane mengos 03. Kembang alang-alang arane mublak 04. Kembang apukat ar...
-
Di saat ini ingin kuterlena lagi Terbang tinggi di awan Tinggalkan bumi di sini Di saat ini ingin kumencipta lagi Kan kutuliskan lagu S...
-
Ajang balap mobil F1 2010 akan berlangsung dalam 19 seri. Dimulai di Sakhir, Bahrain pada 14 Maret dan berakhir di Yas Marina, Abu Dh...
-
Kalau anda sering berhubungan dengan komputer, maka sudah pasti anda sangat familiar dengan istilah virus. Ya, sampai saat ini, virus me...
-
Dunia gadget akhir-akhir ini di ramaikan oleh pendatang baru, pendatang itu di kategorikan ke dalam Netbook. Anda pasti tahu dengan Asu...
-
Cara menggunakan System Restore di Windows XP Cara menggunakan System Restore di Windows XP - System Restore adalah software yang ada p...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar